Jayadrata

Jayadrata

Wonten salebeting wiracarita Mahabharata, Jayadrata (Sanskerta: जयद्रथ; Jayadratha) inggih punika raja wonten ing Karajan Sindhu[1]. Wonten ing versi Sala, Jayadrata asring dipunsebat Arya Jayadrata, ingkang gadhah asma asli Arya Tirtanata utawi Bambang Sagara[2]. Piyambakipun gadhah garwa, ingkang asma Dursala[1]. Dursala punika rayinipun bala Korawa[1]. Manawi wonten cariyos sanès, Jayadrata punika putra Begawan Sapwaniwijawastra saking nagari Banakeling[2][3]. Ugi wonten kang nyebataken Jayadrata ugi aran Sindureja putrane Begawan Sempani.[4]

  1. a b c [1] Archived 2015-03-21 at the Wayback Machine.(Dipun undhuh tanggal 24 November 2012)
  2. a b [2] Archived 2013-03-31 at the Wayback Machine. (Dipun undhuh tanggal 24 November 2012)
  3. R, Wiwien Widyawati.-. Ensiklopedi Wayang.-: Pura Pustaka. (hlm 332-333)
  4. Kartapradja. BRATAJOEDA - 1937 (ing basa Jawa).

© MMXXIII Rich X Search. We shall prevail. All rights reserved. Rich X Search